Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bathik Seratan Saking Bayat

Bathik Seratan Saking Bayat

Klaten, www.jogjatv.tv – Kanthi pawitan temen lan sabar, ibu-ibu warga Desa Kebon , Kecamatan Bayat, Klaten ,Jawa Tengah, nekuni usaha minangka perajin batik seratan. Saking pawitan sakawit, badhe salembar lan ngelmi, samangke usaha kasebat saya ngrembaka.

Miturut sekretaris Kelompok Batik Tulis Kebon Indah, ibu-ibu ing wewengkon kasebat nekuni usaha batik wiwit taun 2010. Kawitanipun, sasampunipun tumempuhing lindhu ageng, ibu-ibu dipun ampingi lan dipun gladhi dening LSM. Salajengipun ing taun  2010, 200 ibu saking 5 kelompok, dipun pawiti badhe salembar lan ngelmi.  Kanthi temen lan sabar, usahanipun saya ngrembaka dene samangke pawitanipun sampun nggayuh Rp 5 milyar 300 yuta.

Warganing kelompok tansah mekaraken motif lan corekan.Ciri mathi desanipun, antawisipun motif kupu, uwit jati lan sekar sarta nanjakaken pewarna alami. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.