Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

5 Tugu Badhe Dipun Mulyakaken

5 Tugu Badhe Dipun Mulyakaken

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kabupaten Purworejo, badhe mulyakaken sarta mbangun tugu lan patung ing Kitha Purworejo, inggih punika tugu sangajenging SMA 7, Tugu Adipura ing Prosekawan Alun-alun Purworejo, damel Patung Sarwo Edie ing Suronegaran, damel Patung Jenderal Sudirman ing Pendowo lan mbangun rumah duren dhateng protigan begelen. Saderengipun nindakaken rantaman kasebat, Bupati Purworejo, Agus Bastian nyuwun pemanggih saking para budayawan lan tokoh masyarakat. Kanthi mulyakaken tugu lan  damel patung enggal , kaajab sageda dados daya tarik amrih regenging jagat pariwisata ing Purworejo.

Miturut bupati, pemkab ugi badhe mendhet  redana APBD sinaosa lampah mulyakaken lan mbangun tugu wau, wragatipun dipun tanggel dening sponsor. (Pambudi Nugraha) 

Share this with friends

Comments are closed.