Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Belanja Berhadiah Dhateng Peken Tradisional

Belanja Berhadiah Dhateng Peken Tradisional

Sleman, www.jogjatv.tv – Sadanguning Wulan April lan Mei 2016, Dinas Pasar Sleman nggelar program Belanja Berhadiah dhateng peken tradisional, inggih punika kanthi ngedumaken kupon berhadiah dhateng warga ingkang blanja dhateng sawetawis peken tradisional wewengkon Sleman. Kejawi kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 100 taun Kabupaten Sleman, kridha punika ugi kangge nggugah krentegipun masyarakat blanja dhateng peken tradisional.

Salebeting program Belanja Berhadiah di pasar tradisional dening Dinas Pasar Sleman, wonten pitung peken ingkang kangge sasaran program. Inggih punika Peken Cebongan, Prambanan, Sleman, Pakem, Tempel, Godean lan Peken Tradisional ing Gamping. Salebeting kridha punika, dhateng pitung peken wau, saben peken dipun cawisi 300 kupon berhadiah ing saben dintenipun, saperlu dipun dumaken dhateng warga ingkang blanja. Pangeduming kupon berhadiah badhe dipun tutup tanggal 16 Mei benjing lan badhe dipun undhi tanggal 29 Mei benjing dhateng Lapangan Denggung, dene bebingah ingkang dipun cawisaken inggih punika 100 sepedha motor lan maneka barang elektronik.

Miturut Kepala Dinas Pasar Kabupaten Sleman, Endah Yitnani, kejawi kangge ngregengaken pengetan ambalwarsa Kabupaten Sleman, kridha kasebat ugi kangge nggugah gregetipun masyarakat blanja dhateng peken tradisional. Satemah peken tradisional tetep regeng, boten kadhesuk dening peken moderen, ingkang tundhanipun pamedal ingkang dipun tampi para bakul ing peken tradisional ugi mindhak. Kridha kados makaten miturut rantaman badhe dipun gelar ing saben taunipun.

 

Endah ugi mratelakaken, Pemkab Sleman ugi nindakaken maneka kupiya sanesipun, antawisipun ndandosi peken tradisional ingkang risak sarta mranata peken tradisional supados boten katingal semrawut satemah ing tembenipun peken tradisional saged langkung tumata lan resik. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.