Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Babonan Lembu Boten Pareng Dipun Pragat

Babonan Lembu Boten Pareng Dipun Pragat

Sleman, www.jogjatv.tv –  Mindhakipun regi daging lembu dhateng sawetawis wewengkon salah satunggal ing antawisipun jalaran kathahipun lembu produktif ingkang dipun pragat satemah populasi lembu mandhap. Awit saking punika Pemkab Sleman kupiya ngindakaken populasi lembu kanthi suka bantuwan redana dhateng peternak ingkang gadhah lembu meteng.

Wiwit tumapak wulan Desember 2015 regi daging lembu dhateng sawetawis peken tradisional tlatah Sleman mindhak lan ngantos samangke taksih popog awis, antawis Rp 110.000,00 – Rp 120.000,00 saben kilo. Miturut Kepala Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, mindhakipun regi daging awit kaperbawan maneka bab antawisipun   jalaran kabetahan masyarakat tikel dene populasi lembu mandhap. Awit saking punika Pemkab Sleman tansah kupiya ngindakaken populasi lembu antawisipun kanthi grengseng nindakaken inseminasi buatan supados lembu ing Sleman saged tumangkar. Kajawi punika Pemkab Sleman ugi ngajab supados masyarakat boten mragat babonan lembu dene tumrap warga ingkang gadhah lembu meteng badhe dipun sukani bantuwan redana kangge tumbas pakan.

Miturut Widi Sutikno populasi lembu ing Sleman samangke 54 ewu sumebar dhateng sawetawis wewengkon. Kanthi maneka program pengendalian kasebat Widi Sutikno nanggel populasi lembu ing Sleman badhe mindhak. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.