Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Grengsengaken Rondha Kangge Njagi Keamanan

Grengsengaken Rondha Kangge Njagi Keamanan

Solo, www.jogjatv.tv – Jalaran asring dumados lampah durjana ing Kitha Solo, mliginipun ing tlatah Banjarsari, petugas kepolisian Polsek Banjarsari samangke nedheng nindakaken sosialisasi Sistem Keamanan Terpadu Berbasis Masyarakat .

Rondha ing pos kamling tlatah Kelurahan Kadipiro, Banjarsari, Solo kupiya dipun grengsengaken malih supados warga greget rondha kangge njagi keamanan kampung , dene sosialisasi dipun pandegani dening Kapolsek Banjarsari, Kompol Danu

Pamungkas. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun pasrahaken bantuwan piranti rondha, inggih punika senter, sarta masang stiker dhateng saben pos kamling. Miturut kapolsek wonten kalih atusan pos kamling, Ing tlatah Banjarsari ingkang aktif, kajawi punika ugi wonten Forum KemitraanPolisi Masyarakat (FKPM) ing Kelurahan Kadipiro. Kanthi wontenipun FKPM lan rondha , tlatah Banjarsari temtu aman lan kalis saking lampah durjana .

 

Miturut rantaman kridha rondha ing pos kamling tlatah kitha Solo badhe dipun grengsengaken, kangge njagi keamanan masyarakat. (Sazadi Abdilah)

Share this with friends

Comments are closed.