Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seleksi Guru Berprestasi

Seleksi Guru Berprestasi

Klaten, www.jogjatv.tv –Atusan guru , kepala sekolah sarta pengawas sekolah tataran TK ngantos SMA /SMK sa Kabupaten Klaten, tumut seleksi guru berprestasiingkang dipun adani dening Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, mapan ing SMK Negeri Setunggal Klate. Mboko setunggal pasarta uji kompetensi tes wawancara. Miturut kepala Bidang Peningkatan Mutu Pendidikan Dan Tenaga Kependidikan Dinas Pendidikan Klaten , Muzayin  , ancasipun ngadani seleksi praktisi pendidikan berprestasi kangge nemtokaken praktisi pendidikan ingkang monjo prestasinipun, inggih   guru , kepala sekolah sarta pengawas sekolah. Para praktisi pendidikan ingkang kapilih salajengipun badhe majeng lomba kompetensi tataran propinsi.

Miturut Muzayin, kompetensi samangke kaajab dados panjurung tumrap guru , kepala sekolah sarta pengawas salebeting ngindakaken mutu lan pestasinipun. Taun kapengker, Kepala SMK N 2 Klaten sasab dados juara setunggal kepala SMK berprestasi tataran nasional.

(Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.