Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dinkes Sleman Grengseng PSN

Dinkes Sleman Grengseng PSN

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa panandhang demam berdarah ing Sleman sampun suda, nanging ing wiwitan taun 2016 wonten setunggal warga panandhang demam berdarah tilar donya. Awit saking punika Dinas Kesehatan Sleman tansah kupiya ngawekani demam berdarah, antawisipun kanthi gerakan pemberantasan sarang nyamuk dhateng maneka wewengkon endemis penyakit demam berdarah.

Kangge ngawekani pangrembakaning lemut aedes aegypti ingkang saged nularaken sesakit demam berdarah, Dinas Kesehatan Sleman sesarengan sawetawis relawan Palang Merah Indonesia (PMI ) Sleman dinten jemuah enjing nindakaken gerakan pemberantasan sarang nyamuk ( PSN ) ing Padhukuhan Jaten, Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati Sleman. Salebeting kridha punika, para petugas nindakaken pemantauan jentik nyamuk dhateng papan papan ingkang sakinten dados susuh lemut, ingkang salajengipun dipun resiki. Miturut kepala bidang Penanggulangan Penyakit Dan Penyehatan Lingkungan ( P2PL ) Dinas Kesehatan Sleman, Novita Krisnaini, wiwit tumapak wulan Januari ngantos tanggal sanga Februari kapengker, gunggung warga ingkang nandhang sesakit demam berdarah ing Sleman sampun tiyang 71 lan setunggal ing antawisipun tilar donya. Kridha pemberantasan sarang nyamuk dhateng Padhukuhan Jaten punika awit ing mangsa rendheng samangke wonten ing Padhukuhan Jaten sampun wonten tigang warga ingkang nandhang sakit demam berdarah. Kepara salebeting pemberantasan sarang nyamuk samangke, para petugas ugi kathah manggihaken uget uget.

Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, mratelakaken gerakan pemberantasan sarang nyamuk punika langkung dipun tengenaken kangge njurung masyarakat supados tumut nindakaken pemberantasan sarang nyamuk. Kaajab kridha punika saged kangge njurung krentegipun warga njagi resiking wewengkonipun, satemah warga saged kalis saking sesakit demam berdarah.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.