Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pambangunan Non Fisik Dipun Tengenaken

Pambangunan Non Fisik Dipun Tengenaken

Klaten, www.jogjatv.tv – Taun 2016 samangke pambangunan non fisik kadosta kanthi maneka pelatihan, pangrembakaning usaha mikro menengah, bidang seni budaya, kasarasan lan pendidikan ing Kabupaten Klaten dados kawigatosan, Sinaosa makaten pambangunan fisik inggih tetep lumampah.

Bab kasebat dipun telakaken dening Camat Klaten Utara, Endang Widowati, salebeting musyawarah perencanaan pembangunan (musrenbang) Kecamatan Klaten Utara ing aula Desa Jonggrangan. Kangge ngangkat karaharjan masyarakat, maneka perencaanan pembangunan sampun dipun rantam. Boten namung pambangunan fisik kemawon, kadosta pambangunan margi, talud sarta kreteg lan sawetawis gedhung serbaguna, nanging pambangunan non fisik ing taun punika ugi dados kawigatosan. Endang Widowati, mratelakaken lampahing musrenbang samangke wigati sanget supados pambangunan saged lumampah kanthi samesthinipun, inggih pambangunan fisik punapadene non fisik. Asil pambangunan fisik saged dipun tingali lan dipun raosaken langsung dening masyarakat, dene ingkang non fisik antawisipun kanthi pelatihan-pelatihan. Sinaosa pangaribawanipun boten saged rinaosaken sakala, nanging pambangunan non fisik tetep kedah dados kawigatosan mirunggan kangge ngangkat karaharjan warga masyarakat.

Endang ngajab lumantar maneka perencanaan ing mangkenipun lampahing pembangunan saged laras kaliyan pangangkah. Pelaku pembangunan inggih punika Pemerintah kanthi dipun biyantu dening masyarakat. Kanthi makaten boten namung dados ayahanipun Pemerintah kemawon, nanging masyarakat ugi kedah tumut salebeting lampah pembangunan amrih gesanging masyarakat saged langkung raharja. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.