Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ikappesty Sumanggem Ngangkat Adat Nuswantara

Ikappesty Sumanggem Ngangkat Adat Nuswantara

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Ngayogyakarta inggih kitha budaya lan pariwisata, ingkang ugi dados salah satunggaling sumber lampahing upacara adat jawa lan nuswantara kanthi tata cara baku pramila wigatos tumrap para pengusaha wedding organizer kangge mangertosi lan nggegegi bab kasebat. Awit saking punika Ikatan Perancang Pesta Tradisional Yogyakarta (Ikapesty), nelengaken kawigatosanipun dhateng lampah upacara palakrama laras kalian lampah adat ingkang baku budaya nuswantara.

Miturut Ketua Umum Ikappesty, Stanlus Julian, kejawi kangge papan lan sarana sesambetan para pengusaha wedding organizer tradisional ing Ngayogyakarta, kanthi wontenipun Ikappesty kaajab saged nglestantunaken lan ngrembakakaken tradisi budaya nuswantara ing tengahing jaman globalisasi samangke.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.