Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Difabel Perajin Bathik

Difabel Perajin Bathik

Magelang, www.jogjatv.tv – Berkebutuhan khusus tetela boten dados pepalang kangge makarya. Satunggaling rumaja putri, Sinta Dewi Ranti, yoganipun Suranto lan Dwi Suswanti, warga Dhusun Sawahan, Desa Pancuranmas, Kecamatan Secang, Kabupaten Magelang kados rumaja limrahipun. Nanging sinten ingkang nyana menawi Shinta inggih remaja berkebutuhan khusus, awit nandhang tuna rungu lan wicara wiwit lair. Sinaosa kawontenanipun winates, nanging Shinta tetela saged mbabar bathik ingkang endah kanthi pengaos yutan rupiyah. Kasagedanipun mbathik dipun tampi nalika sekolah ing Sekolah Luar Biasa Negeri Kota Magelang. Sasampunipun ngrampungaken pasinaon ing SLB taun 2011, Shinta boten pados padamelan awit ngrumaosi dhateng kawontenanipun. Awit saking punika Shinta nyobi mbathik ngecakaken kaprigelanipun nalika sinau ing sekolah rumiyin. Wonten sawetawis motif bathik damelanipun Shinta, kadosta bathik truntum jagad, suluran, tela, kupu cepaka lan sekar cerobo.

Kejawi motifipun endah, Shinta ugi nyobi mawi pewarna alam saking maneka ronronan. Tetela bathik babaranipun dados langkung endah. Tiyang sepuhipun ugi tansah suka panjurung dhateng Shinta, yoga pambajengipun. Winatesipun kawigatosan saking pehak ingkang kawogan, njalari Shinta kangelan kangge ngrembakakaken usahanipun satemah kangge wragad produksi malih, Shinta kepeksa nyrantos bathik damelanipun pajeng dene anggenipun sadeyan inggih namung dhateng griyanipun. Salah satunggaling konsumen, Karta Rajasa merlokaken dhateng griyanipun Shinta kangge tumbas bathik awit bathikipun kawentar endah nanging ingkang mbabar saking difabel.

Miturut ibunipun Shinta, Dwi Suswanti, awit kawontenanipun pramila Shinta milih makarya dhateng griya nanging tetela asilipun elok. Bathik damelanipun Shinta kepara wonten ingkang pajeng ngantos yutan rupiyah.

Kaajab kanthi tekad lan linandhesan tekun, kridhanipun Shinta, sageda dados panjurung tumrap para difabel sanesipun supados mandhiri.

(Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.