Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bantuwan Gerobag Angkringan

Bantuwan Gerobag Angkringan

Klaten, www.jogjatv.tv –Awit kalebet zona merah kemiskinan ing Klaten, Jawa Tengah, Pemerintah Desa Candirejo, Kecamatan Ngawen, Klaten tansah mbudidaya kangge ngindhakaken perekonomian warganipunsupados gunggung warga miskin saya suda. Salah satunggal kupiya kasebat inggih punika kanthi suka bantuwan tigawelas gerobag angkringan kangge pawitan usaha para warga. Kaajab warga saged mbudidaya ngangkat perekonomianipun kangge mbaka sekedhik mentas saking zona miskin.

Program ingkang dipun wragadi saking alokasi dana desa kasebat kaajab saged ngindhakaken karaharjan warga. Miturut Kepala Desa Candirejo, Muryanto Darmo Suwito, program pemberdayaan badhe tansah dipun tindakaken dening pemerintah desa, bab kasebat jalaran Desa Candirejo inggih salah satunggal desa ingkang mlebet zona merah kemiskinan ing Klaten, Jawa Tengah. Program angkringan inggih kupiya gumathok kangge ngentas kemiskinansarta njurung kelompok Usaha Mikro Kecil Menengah.

Kejawi pawitan kangge wande angkringan, Muryanto ugi gadhah rantaman kangge mbangun gedung serbaguna, ingkang tembenipun saged dipun tanjakaken kangge pembinaan wirausaha kelompok ekonomi mikro. (Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.