Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisudhan Ketua  Kwartir  Cabang Pramuka

Wisudhan Ketua  Kwartir  Cabang Pramuka

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti , dinten Jemuwah (29/4) enjing, kawisudha minangka Ketua Kwartir Cabang (Kwarcab) Pramuka Kota Yogyakarta periode 2015 – 2020.

Wisudhan dipun tindakaken dening Ketua Kwartir Daerah (Kwarda) Pramuka  DIY, GKR Mangkubumi. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun tindakaken wisudhan pengurus majelis pembimbing , lembaga pemeriksa keuangan pramuka , pengurus kwarcab lan pengurus pramuka sanesipun. Sasasampunipun kawisudha, walikota lajeng misudha  pengurus pramuka Kota Yogyakarta.

Ketua Kwarda Pramuka DIY, GKR Mangkubumi ngajab  Walikota Yogyakarta, sageda grengsengaken kridhaning pramuka  supados kreatif lan inovatif. Awit kathah kridha ingkang dipun gelar kamangka  redana ingkang cumawis winates pramila para pengurus,  kaajab boten namung njagakaken bantuwan saking pemerintah kemawon nanging kedah  ngindakaken  ekonomi lumantar  pelatihan wirausaha. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.