Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Solo Menari 24 Jam

Solo Menari 24 Jam

Solo, www.jogjatv.tv — Kangge mengeti Hari Tari Sedunia , tanggal 29 April, dipun gelar kridha solo Menari Dua Puluh Empat Jam, sesirah Menyemai Rasa Semesta Rasa. Pagelaran tari dipun gelar dhateng sawetawis papan piniji ing tlatah Kitha Solo. Salebeting kalodhangan kasebat kalih penari mumpuni, nari tanpa kendhat sadanguning 24 jam.

Gumelaring kridha Solo Menari 24 Jam kaping X, dipun kepyakaken dening Rektor Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, Sri Rochana Widyastutiningrum, ing Kampus ISI, Kentingan, Jebres, Solo, Jawa Tengah dene Dosen Fakultas  Seni ISI Surakarta, Samsuri ingkang  nabuh gong, tandha wiwitipun gumelaring kridha.   Samsuri lan Mudjo Setyo penari saking Jakarta  nari sadanguning 24 jam wiwit jam 16.16 WIB, dinten Kemis (28/4) ngantos kawan likur jam candhakipun. Samsuri  nggelar tari Bimo Hambekso dene Mudjo Setyo nggelar tari riptanipun piyambak sesirah Sejatining Urip.

Samsuri nindakaken  cecawisan sadanguning 2 wulan kangge nyengkuyung gumelaring kridha Solo Menari 24 Jam samangke, antawisipun kanthi  olahraga, supados bobot badanipun mandhap.

Sadangunipun nari 24 jam,  kanthi gentosan, 3.600 penari saking 250 paguyuban tari, ngombyongi kalih penari baku. Solo menari 24 Jam kapurwakan  kirab mubeng Kampus  ISI Surakarta lan dados punjer kawigatosaning warga. (Heru Kristiyanto)

Share this with friends

Comments are closed.