Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

WARGA & TNI SWADAYA MBANGUN GRIYA

WARGA & TNI SWADAYA MBANGUN GRIYA

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Sinaosa bantuan perumahan sampun dipun cawisaken dening Kementerian Sosial, nanging kasunyatanipun, ngantos samangke taksih kathah kapanggihaken rumah tidak layak huni ingkang kacicir. Kathah warga miskin griyanipun dereng murwat, pramila mbetahaken bantuwan saking masyarakat sarta pehak swasta kangge ngentas kemiskinan.

Rumah swadaya layak huni, ingkang dipun bangun dening warga lan TNI kangge Atmo Dimejo, warga Priyan Trirenggo, Bantul, dipun kepyakaken dening Pelaksana Tugas Bupati Bantul, Sigit Sapto Raharjo, dinten Jemuwah (16/10) siyang. Saderengipun, Camat Bantul, Endang Rahmawati nampi lapuran wonten warga Priyan ingkang griyanipun dereng murwat, kamangka sakelangkung sepuh lan boten gadhah pamedal. Awit saking punika, Endang lajeng tembayatan kaliyan UPK Kecamatan Bantul lan MUI kangge ndandosi griyanipun Atmodimejo. Kanthi pawitan redana Rp. 10 yuta, Endang nyuwun bantuan Kodim 0729 kangge mbangun griyanipun Atmodimejo. Wondene Atmodimejo mratelakaken remen nampi bantuwan kasebat, awit ngantos samangke was sumelang menawi griyanipun rebah.

Komandan Kodim 0729 Bantul Letkol Tumadi mratelakaken pehakipun dipun suwuni bantuan tenaga saking Camat Bantul, kangge ndandosi griyanipun Atmodimejo. Pehakipun lajeng ngerigaken personilipun lan sadanguning 13 dinten pambangunan griyanipun Atmodimejo rampung.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.