Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TRADISI SEBAR APEM SURAN

TRADISI SEBAR APEM SURAN

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Ing Klaten, Jawa Tengah wonten satunggaling tradisi ingkang ajeg dipun gelar saben wulan Sura, inggih punika tradisi sebar apem. Ewonan warga jejel riyel rebatan apem ingkang dipun sebar dening sesepuh desa.

Tradisi Sebar Apem Suran kawiwitan ngarak apem tumuju pendhapi pasareyan Demang Darmo Tiyoso, ing Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa Tengah. Dumugi pendhapi pasareyan, apem dipun bekta minggah dhateng menara. Sasampunipun sesepuh masyarakat dedonga, apem nuli dipun sebar lan kangge rebatan ewonan warga ingkang sampun nyrantos sawetawis wekdal. Warga ingkang pikantuk apem nuli dipun tedha, wonten ugi ingkang dipun bekta wangsul.

Demang Darmo Tiyoso inggih cikal bakal Desa Bulureja, ingkang remen shodaqoh dhateng warga miskin. Ngantos samangke shodaqoh taksih dipun pepetri dening warga ing wewengkon kasebat, kanthi nyebar apem ing wiwitan wulan Sura. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.