Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Banyuurip  Masang Gendera Ageng

Warga Banyuurip  Masang Gendera Ageng

Sleman, www.jogjatv.tv – Warga Padukuhan Banyuurip, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman, masang  bendera merah putih ageng dhateng margi padhukuhan.

Saderengipun dipun pasang,  bendara merah putih ingkang panjangipun 30 meter lan wiyar  5 meter kasebat, dipun  kirab mubeng padukuhan. Kirab nempuh lampah 4 kilometer ,  kanthi cucuk lampah  Dukuh Banyuurip, Jumena, kaombyong dening sedaya  warga. Miturut Wakil Ketua Pemuda Padukuhan Banyuurip, Samsul Arif, kirab sarta masang gendera ageng inggih mujudaken salah satunggaling kridha  olahraga ingkang mirah, ngiras  kangge mahargya Pengetan kaping 71 Dinten Kamardikan Republik Indonesia sarta kangge nuwuhaken raos tresna warga dhateng  lambang negara lan Tanah Air Indonesia.

Salebeting mengeti Dinten Kamardikan, ing  tanggal 17 Agustus 2016,  Warga Padukuhan Banyuurip ugi badhe ngadani upacara bendera kanthi satataning budaya jawa. Salebeting upacara badhe dipun cawisaken daharan  ingkang cacahipun jumbuh kaliyan tanggal, wulan lan taun Dinten Proklamasi Republik Indonesia, inggih punika  ingkung ayam, cacahipun 17,tumpeng cacah 8  lan sekul golong cacahipun 45 iji. ( Subardi )

 

Share this with friends

Comments are closed.