Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tari Lampor   Ngregengaken Upacara Adat Merti Code

Tari Lampor   Ngregengaken Upacara Adat Merti Code

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Warga Cokrodiningratan, Jetis, Kota Yogyakarta , dinten Minggu (15/8) sonten nggelar Upacara Adat Merti Code dhateng Jalan AM. Sangaji. Kridha ingkang dipun gelar saben taun punika  mengku piweling kangge njagi lestarining Lepen Code minangka sumber gesang.U[pacara kawiwitan pagelaran maneka kridha seni antawisipun liong lan barongsai.   Kalajengaken  pagelaran tari  kolosal sesirah Lampor. Tari kasebat nyariyosaken  warga bantaran Lepen  Code ingkang dipun girigoda lampor cacah sedasa.  Lampor inggih lelembut ingkang gadhah swiwi dene sirahipun  banteng  ingkang suwantenipun nggegirisi.  Swasana dados tintrim awut lampor kasebat ngamuk punggung lan wusananipun kasil dipun tundhung dening tokoh agama. Miturut cariyos gethok tular, lampor inggih utusan   Ratu Kidul  tumuju dhateng Redi  Merapi . Pagelaran sadangunipun 35 menit kasebat dados punjer kawigatosaning warga.  Tata rakiting upacara salajengipun inggih   kirab budaya, ngarak  waos pusaka ,   tirta suci saking  7 tuk sumber sarta gunungan wulu wedaling bumi, kaombyong sedaya warga,  bergodo, lan paguyuban kesenian,  nempuh lampah 2 kilometer. Upacara Merti Code ajeg dipun gelar setaun sepisan dening Dinas Pariwisata dan Budaya Kota Yogyakarta, mengku ancas kangge suka seserepan dhateng  warga ngiras nglipur  wisatawan ingkang plesir dhateng Ngayogyakarta. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.