Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Veteran Nampi Bantuwan

Veteran Nampi Bantuwan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv—Sugeng Hadisuyatno inggih veteran ingkang rikala semanten dados anggota Pembela Tanah Air (PETA). Ngantos samangke Sugeng mapan dhateng satunggaling griya ingkang kirang murwat. Awit saking punika,   Kodim 0730 Gunungkidul ngadani kridha bedah rumah sarta suka bantuwan sembako kangge nyekapi kabetahan padintenanipun. Sugeng boten nate pikantuk bantuwan saking pemerintah awit dereng mlebet data administrasi veteran pramila salebeting pengetan Hari Pahlawan samangke Kodim 0730, paring kawigatosan dhateng  sesangganipun.

Sugeng ngaturaken maturnuwun dhateng pehak Kodim ingkang sampun suka pambiyantu. Sugeng ugi njlentrehaken nalika dados anggota PETA pangkatipun Gyuhei lan sasampunipun PETA bubar taun 1945, Sugeng lajeng dados anggota Batalyon 10. Nalika dados anggota PETA , griyanipun nate dipun besem dening Walandi kepara badanipun nate kenging mortir gas.

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.