Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tumapak Mangsa Rendheng Raja Kaya Boten Takad Dhateng Sesakit

Tumapak Mangsa Rendheng Raja Kaya Boten Takad Dhateng Sesakit

Sleman, www.jogjatv.tv–Gumantosing mangsa ketiga dhateng mangsa rendheng kados samangke,   rajakaya boten takad dhateng maneka sesakit. Awit saking punika kasarasanipun kedah dipun tengenaken.

Miturut Kepala Bidang Peternakan Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Kabupaten Sleman, Suwandi Aziz , tumapak mangsa rendheng ing sabin kathah suket ingkang thukul. Sinaosa makaten suket anem padatan njalari rajakaya mencret sarta boten takad dhateng maneka sesakit. Awit saking punika, peternak dipun ajab boten makani suket anem dhateng rajakayanipun dene menawi kepeksa jalaran boten wonten pakan sanes, suket kasebat kedah dipun pe langkung rumiyin supados tlutuhipun ical.

Kajawi rajakaya ingkang boten takad dhateng maneka sesakit, tumapak mangsa rendheng samangke, sato iwen ugi gampil kenging virus kalebet virus flu burung. Kangge ngawekani kedadosan ingkang boten dipun pikajengi pramila sato iwen kedah dipun sukani vaksin supados takad dhateng maneka sesakit.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.