Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Piodalan Pura Vaikunta Yomantara

Upacara Piodalan Pura Vaikunta Yomantara

Sleman, www.jogjatv.tv – Atusan Umat Hindu Daerah Istimewa Yogyakarta, dinten Rebo (23/3) ngestreni lampahing Upacara Piodalan Pura Waikunta Yomantara ing Komplek Pangkalan TNI Angkatan Udara Adisucipto. Salebeting kalodhangan kasebat ugi rawuh rombongan saking DPRD Propinsi Bali .

Wiwit sonten atusan Umat Hindhu dhateng ing Pura Waikunta kanthi mbekta maneka sesaji minangka wujud bakti dhateng ngarsanipun Ida Sang Hyang Widi Wasa. Upacara piodalan dipun puput dening Ida Pedanda Dwaja Manuaba.

Penyungsung Pura Waikunta Yomantara, Ngakan Made Subandi mratelakaken, upacara piodalan pura inggih minangka sarana kangge nyuceni pura, supados Umat Hindu tansah nampi pepadhang lan wara nugraha saking Ida Sang Hyang Widi Wasa. Wondene lampahing upacara piodalan pura nyakup Upacara Mecaru inggih punika lampah kangge larasing jagad alit lan jagad agung, Mendak Tirta, Mendak Betara ingkang dipun iringi kidungan sarta Beksan Rejang Dewa lan Topeng Sidakarya.

Salajengipun umat nindakaken puja bakti sesarengan. Wonten ing pungkasaning upacara umat nampi tirta suci lan bija. Upacara kados makaten badhe dipun tindakaken malih ing saben taunipun nalika wanci purnama kadasa, inggih nalika madegipun pura, ingkang dipun bangun wolung taun kapengker. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.