Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa SD  Gladhen Mbathik

Siswa SD  Gladhen Mbathik

Solo, www.jogjatv.tv – Atusan siswa Sekolah Dasar Pangudi Luhur,Solo, mlempak dhateng plataran SD kangge mbathik sesarengan. Kanthi motif prasaja, siswa katingal tumemen mbathik.

Motif bathik mardika, anut gagasan siswa piyambak-piyambak antawisipun sato lan taneman. Ancasing kridha kangge ndayakaken kasagetan non kognitif siswa.

Siswa mbathik dhateng badhe katun, ngginakaken canthing lan cat warna. Lumantar gladhen mbathik siswa kaajab pana dhateng bathik ingkang mujudaken warisan tradisi Kitha Solo.

Kanthi gladhen mbathik siswa damel inovasi lan ndayakaken kreatifitas dhateng salembar badhe. (Heru Kristianto)

Share this with friends

Comments are closed.