Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Merti Desa Banyuurip

Upacara Merti Desa Banyuurip

Purworejo, www.jogjatv.tv–Warga Desa Banyuurip, Kecamatan Banyuurip, Purworejo Jawa Tengah, nggelar upacara merti desa, dhateng Pundhen Parigi utawi petilasanipun cikal bakal desa Pangeran Joyokusumo Lampahing upacara katindakaken kanthi nggelar ringgitan sadinten sedalu.

Beda kaliyan padatan, upacara merti desa ingkang padatan dipun adani saben wulan rejeb, samangke dipun gelar ing wulan besar tengahing mangsa ketiga. Warga dhateng papan gumelaring upacara kanthi mbekta maneka sesaji lan ubarampe kadosta wulu wedaling bumi lan maneka jajan pasar.

Miturut juru kunci Punden Parigi, Sumarto, saben upacara merti desa tansah dipun gelar pagelaran ringgit sedinten sedalu minangka wujud raos syukur warga dhateng ngarsaning gusti. Upacara merti desa samangke dipun adani ing wulan besar nedhengipun mangsa ketiga, inggih kangge nyuwun dhateng ngarsaning gusti supados tumuli jawah satemah warga saged ngocal pasitenipun malih.

Sasampunipun ndedonga sesarengan maneka sesaji lan ubarampe ingkang dipun bekta dening warga nuli dipun lorot dene saperangan dipun dum kangge kepungan dhahar kembul.

(Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.