Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tradisi Wiwitan

Tradisi Wiwitan

Sleman, www.jogjatv.tv–Ngantos samangke upacara wiwitan, taksih dipun tindakaken dening sanak kadang tani. Warga Dhusun Cancangan, Wukirsari, Cangkringan, Sleman, nindakaken tradisi wiwitan, saderengipun panen pantun, sinengkuyung dening pehak desa sarta aparat kodim cangkringan. Upacara kapurwakan dedonga sesarengan dipun pandhegani dening rois salajengipun ubarampe ingkang dipun cawisaken, inggih tumpeng , ingkung ayam lan maneka asil wulu wedaling bumi, kangge dhahar kembul.

Pasabinan ing Dhusun Cancangan ingkang dipun tanemi pantun wiyaripun 20 hektar. Sasampunipun kurdaning redi merapi , kadang tani nemahi gagal panen jalaran katerak tikus parmila wiwit taun 2012 kadang tani kabiyantu dening relawan , ngingah peksi guweg ingkang dipun papanaken dhateng pagupon lan dipun pasang ing tengah sabin. Kupiya kasebat tetela kasil, paneraking tikus mendha satemah asil panenipun maremaken.

Pehak Desa Wukirsari, nyengkuyung kupiya kasebat lan suka pangalembana tumrap kadang tani ing Dhusun Cancangan ingkang kasil mbrastha tikus kanthi nanjakaken peksi guweg.

(Heri Susanto)

Share this with friends

Comments are closed.