Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

UNBK Dipun Awat-Awati  Kamera CCTV

UNBK Dipun Awat-Awati  Kamera CCTV

Sleman, www.jogjatv.tv – Salebeting Ujian Nasional Berbasis Komputer ( UNBK,) saben  ruang ujian dipun awat-awati dening pengawas. Sinaosa makaten, kangge ngawekani lampah culika, UNBK SMA N 1 Kalasan ugi dipun semak ngginakaken kamera CCTV.

Miturut Kepala SMA N 1 Kalasan, Tri Sugiharto, salebeting UNBK samangke, saben ruang ujian, dipun pasangi kamera CCTV ingkang dipun sambetaken dhateng monitor ing ruangan kepala sekolah .

Kejawi dipun semak lumantar kamera CCTV , amrih rancaging  UNBK ingkang pasartanipun  198 siswa kasebat, pehak sekolah ugi nyawisaken 2 genset kangge ngawekani menawi sawani-wanci listrik pejah. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.