Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa Kulonprogo Ujian Ing Bantul

Siswa Kulonprogo Ujian Ing Bantul

Bantul, www.jogjatv.tv – Ujian Nasional tataran SMA dipun adani wiwit dinten Senen (4/4). Maneka cecawisan dipun lampahi amrih rancaging  ujian. Maneka pangrekadaya ugi dipun lampahi dening pasarta ujian,  antawisipun kedah nempuh lampah ingkang tebih supados saged tumut lan lulus ujian.

42 siswa saking 3 SMK kedah nempuh Ujian Nasional dhateng SMK N 1 Pandak, jalaran maneka pawadan, antawisipun jalaran sekolahipun boten saged ngadani Ujian Nasional Mandiri. Boten namung siswa saking SMK ing Bantul kemawon, siswa saking SMK Veteran ,Wates, Kulon Progo ugi kedah ujian dhateng SMK N 1 Pandak.

Miturut Bambang , Kepala SMK N 1 Pandak ingkang ugi ketua Pokja Unas SMK Bantul, saking 226 pasarta ujian 42 siswa ing antawisipun titipan saking tigang SMK, inggih punika 28 siswa saking SMK Teknologi Bantul, 6 siswa SMK Buana Karya lan 6 siswa SMK Veteran,Wates,Kulonprogo awit sekolahanipun boten saged ngadani  Ujian Nasional piyambak jalaran maneka pawadan, antawisipun dereng terakreditasi utawi dereng jangkepi  syarat minimal peserta Unas. Ewa semanten ngantos dinten kaping 2, lampahing Ujian Nasional ing Bantul rancag. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.