Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tradisi Wiwit Taksih Dipun Pepetri

Tradisi Wiwit Taksih Dipun Pepetri

Klaten, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke sanak kadang tani ing Desa Gempol, Kecamatan Karanganom, Klaten, taksih nindakaken upacara wiwitan saderengipun panen raya.

Sanak kadang tani ing Desa Gempol nindakaken upacara wiwitan, kangge miwiti panen pantun, minangka wujud raos syukur awit asil panen ingkang maremaken sarta kangge panjurung supados kadang tani greget olah tetanen, sinaosa kadang kala nemahi gagal panen. Upacara wiwit katindakaken kanthi methik wulen pantun sepisanan nuli dedonga kalajengan wilujengan, kanthi nyawisaken sesaji ingkung ayam, sekul, pisang lan unjukan sacekapipun. Sasampunipun upacara paripurna, sanak kadang tani dhahar kembul sekul wiwit.

Miturut Salah satunggaling petani , Marjo memetri tradisi wiwit, minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti awit asil panen ingkang maremaken. (Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.