Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ndayakaken Kaskaya Wisata Kangge Ngentas Kemiskinan

Ndayakaken Kaskaya Wisata Kangge Ngentas Kemiskinan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kajawi wisata pesisir, Kabupaten Gunungkidul, taksih nggadhahi potensi wisata sanes, ingkang dereng dipun dayakaken. Awit saking punika, Pemerintah Kecamatan Gedang Sari, ndhapuk Desa Mertelu lan Tegalrejo, minangka Desa Percontohan Pengentasan Kemiskinan, kanthi ndayakaken ekonomi desa lan kaskaya alam, ingkang dipun rembakaken kangge papan wisata.

Desa Mertelu, Gedangsari, samangke dados Green Village. Obyek wisata kasebat dipun dhapuk dening pemerintah pusat lumantar Program Masterplan Percepatan Perluasan Pembangunan Indonesia –(MP3I). Salajengipun pucak Green Village Gedangsari ing Desa Mertelu, badhe dipun rembakaken minangka salah satunggaling kawasan transit wisatawan dene teleng batik punapa dene pertanian badhe dipun dayakaken kangge mimbuhi daya tarik wisata wondene kangge mengurai kemacetan jalur wisata Gunungkidul nalika wanci liburan, Kecamatan Gedangsari kangge pintu medal, kajawi punika, Grand Village ugi dados rest area.

Miturut salah satunggaling penggagas Program Terpadu Berjejaring Percepatan Penanggulangan Kemiskinan ing Kecamatan Gedangsari, Hari Dendi, kaskaya Desa Mertelu trep dipun rembakaken minangka obyek wisata. Awit saking punika Hari badhe memitran kaliyan maneka pehak kangge ndayakaken kaskaya unggulan Kecamatan Gedangsari. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.