Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tera Ulang Timbangan

Tera Ulang Timbangan

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinas Koperasi Perindustrian dan Perdagangan (Diskoprindag) Kabupaten Klaten lumantar Balai Metrologi Wilayah Surakarta nindakaken kir timbangan gadhahanipun para bakul. Kir utawi tera ulang dipun lampahi, supados para bakul boten culika.

Tera ulang utawi kir dipun tindakaken dhateng sedaya kecamatan ing Klaten, Jawa Tengah. Balai Metrologi ingkang lajeng nyambangi para bakul dhateng peken awit sami boten purun bekta timbangan dhateng kantor kecamatan. Timbangan ingkang dipun kir antawisipun timbangan sentisimal, timbangan meja, timbangan elektronik lan timbangan dacin.

Miturut Staf Fungsional Balai Metrologi Wilayah Surakarta, Retno Pramusari kir dados kewajiban tumrap warga ingkang gadhah timbangan, kangge nanggel supados takeranipun leres. Timbangan ingkang sampun geseh salajengipun dipun servis.

Kangge timbangan sentisimal ingkang dipun kir racakipun geseh setengah kilo ngantos sekilo dene timbangan meja, geseh satuan gram.

Sasampunipun dipun kir, timbangan dipun templeki segel lan badhe dipun semak kanthi ajeg. Bab wau cundhuk kaliyan Undang-Undang RI No 2 taun 1981 babagan metrologi legal. Kejawi gadhah kewajiban tera ulang tumrap warga ingkang gadhah timbangan, pehak Disperindakop ugi suka pamrayogi supados para konsumen ngengetaken para bakul ingkang culika anggenipun nimbang. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.