Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pedatan Jawah, Petani Wurung Nanem Pantun

Pedatan Jawah, Petani Wurung Nanem Pantun

Bantul, www.jogjatv.tv – Anomali cuaca ingkang dumados awit pangaribawa badai el nino njalari petani perenging Pareden Sewu kuwatos. Jalaran boten jawah, kadang tani boten saged nanem pantun, dene anggenipun nanem jagung ugi boten ngrembaka awit kirang toya pramila samangke para petani namung pasrah dhateng kawontenan.

Pasabinan dhateng sakiwa tengen Pareden Sewu, tlatah Guwa Cerme, Kalidadap Selopamioro Imogiri Bantul.nela lan garing. Uritan pantun alum dene oyotipun garing.

Miturut Dhukuh Kalidadap, Selopamioro, Imogiri, Papin, sabin ing wewengkonipun nela jalaran kirang jawah kepara pedatan jawah ingkang dumados sewulan pungkasan njalari uritan garing. kedahipun uritan kasebat samangke sampun dipun tanem nanging jalaran kirang toya pramila wurung dipun tanem dene taneman jagung alum lan mawohipun kirang tumanja. Dening kadang tani taneman jagung ingkang alum dipun babati kangge pakan rajakaya. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.