Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Syiar Agama Lumantar Seni Tradisi

Syiar Agama Lumantar Seni Tradisi

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas kebudayaan DIY nggelar Festival Seni Tradisi 2015 , mapan ing Plaza Ngasem sadanguning tigang dinten. Salebeting festival dipun gelar maneka kridha seni tradisi , musik lan tari, saking 4 kabupaten lan kota sawewengkon DIY.

Kanthi ancas kangge memetri lan ngrembakaken seni tradisi ing Daerah Istimewa Yogyakarta sarta kangge ajang kreatifitas lan promosi budaya, Dinas Kebudayaan DIY suka wadah tumrap paguyuban kesenian ing wewengkon daerah istimewa punika, kangge nedahaken kaskayanipun piyambak-piyambak. Festival ingkang dipun gelar wiwit tanggal 2 ngantos 4 Desember kasebat, saben dintenipun dipun regengaken maneka kridha seni. Salebeting pagelaran dinten Rebo (3/12), wonten 10 paguyuban ingkang ngregengakenfestival.

Ing kalodhangan kasebat, saperangan paguyuban kesenian ngadani pagelaran tari lan musik, ingkang ngemot piwucal agama Islam antawisipun aguyuban kesenian saking Kabupaten Bantul ingkang nggelar tari montro. Tari montro inggih tari ingkang kairing lagu islami, piwucal kautaman gesang tumrap umat muslim supados begja ing donya lan akhirat. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.