Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Prospek Ternak Kalkun

Prospek Ternak Kalkun

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa ternak kalkun kapetang gampil nanging peternak ingkang ngingah kalkun ing Sleman taksih sekedhik. Hendrik Farisal Warga Padukuhan Ngrenak Lor, Desa Sidomoyo, Kecamatan Godean, Sleman ternak kalkun wiwit taun 2013. Kawitanipun Hendrik namung ngingah 21 kalkun lan samangke sampun tumangkar dados atusan kalkun. Miturut Hendrik, ternak kalkun inggih gampil awit cekap dipun pakani katul lan sesuketan sedinten kaping kalih kanthi makaten kalkun badhe cepet ageng.

Kalkun umur setunggal setengah wulan ngantos kalih wulan, sampun pajeng kasade kanthi regi Rp 100.000,00 dene kangge kalkun ingkang ageng reginipun Rp 500.000,00 – Rp 600.000,00 saben kalkunipun. Saking ternak kalkun, Hendrik saged nampi bebathen antawis Rp 3 yuta ngantos Rp 4 yuta saben wulanipun. Awit kawawas mbebatheni, pramila Hendrik ingkang sampun ngingah atusan kalkun kasebat badhe saya ngrembakakaken peternakanipun kanthi pangajab bebathenipun saged langkung kathah.

Mituurt Hendrik, kejawi raosipun eca, kandhutan kolesterol daging kalkun ugi sekedhik, satemah kathah ingkang remen konsumsi daging kalkun.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.