Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Syawalan Siswa TK SD

Syawalan Siswa TK SD

Klaten, www.jogjatvtv – Maneka cara dipun tindakaken kangge ngladhi dhateng lare supados tuwuh jiwa welas asih dhateng sasama. Kadosta ingkang dipun lampahi dening para siswa TK, SD Bina Anak Soleh Klaten, kanthi nggelar pawai andong lan becak mubeng Kitha Klaten. Kridha punika ngiras ugi kangge syawalan lan nepangaken maneka sarana transportasi tradisional.

Miturut Kepala SD Bina Anak Soleh, Widodo, pawai sesarengan tukang becak lan kusir andhong kridha ingkang ajeg dipun gelar  saben wulan sawal. Kanthi pawai sesarengan tukang becak lan kusir andhong para siswa kaajab mangertos lan ngaosi dhateng maneka lampah pakaryan satemah nuwuhaken jiwa tepaselira. Ing pungkasan kridha, para siswa suka bebingah dhateng tukang becak lan kusir. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.