Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petani lan TNI Gropyokan Tikus

Petani lan TNI Gropyokan Tikus

Sleman, www.jogjatv.tv – Atusan petani sesarengan warganing TNI Kodim 0732 Sleman nindakaken gropyokan tikus dhateng sawetawis pasabinan wewengkon Desa Banyurejo, Kecamatan Tempel, Sleman, dinten Selasa (19/7) enjing. Ngengeti ngantos samangke paneraking ama tikus ing Sleman kapetang nemen lan damel kapitunanipun kadang tani pramila warganing DPRD Sleman, Wawan Prasetyo ngajab Pemkab Sleman nambah anggaran wragad kangge mbrastha ama kasebat.

Gropyokan tikus dipun tindakaken dhateng sawetawis pasabinan ingkang kapetang endemis paneraking ama tikus. Ing antawisipun, dhateng pasabinan Padhukuhan Kemusuh, Plambongan, Tangisan, Ngabean, Karang lan Padhukuhan Onggojayan. Sistem pengendalian dipun tindakaken kanthi cara ndhudhuk leng tikus lan dipun emposi mawi kebul lirang.

Miturut Kepala Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman, Widi Sutikno, wewengkon Sleman barat, mliginipun ing wewengkon Kecamatan Tempel, Seyegan, Minggir lan  Moyudan pancen kacathet minangka wewengkon endemis paneraking ama tikus. Awit saking punika anggenipun mbrastha kedah sesarengan lan lumintu.

Warganing Fraksi PKB DPRD Sleman, Wawan Prasetya mratelakaken, ngrebdanipun ama tikus dhateng Sleman barat, awit dana stimulan saking Pemkab Sleman winates inggih sewu rupiyah saben tikus ingkang kecepeng. Bab punika kawawas kirang nuwuhaken greget kangge mbedhag tikus. Awit saking punika, Wawan ngajab pemkab suka dana stimulan gangsal ewu rupiyah saking tikus ingkang kacepeng satemah warga langkung greget mbedhag tikus. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.