Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sinau Mandhiri Saking Korban Musibah Alam

Sinau Mandhiri Saking Korban Musibah Alam

Yogyakarta , www.jogjatv.tv – Tumempuhing musibah alam tetela boten namung nuwuhaken pangaribawa awon kemawon dhateng wanita para korban musibah alam. Adhedhasar asil panaliten sawetawis ahli psikologi, tetela wanita korban musibah alam dados langkung mandhiri, tumemen anggenipun ngibadah, ulet makarya lan ugi migatosaken dhateng sasama.

Bab wau dipun jlentrehaken dening pakar psikologi Universitas Ahmad Dahlan  Yogyakarta Siti Urbayatun. Panaliten dhateng satus wanita korban musibah alam erupasi Merapi  taun 2010 dhateng salah satunggaling Hunian Tetap  Kecamatan Cangkringan,Sleman punika, dudutanipun bilih musibah alam boten namung wonten pangaribawa awon kemawon nanging ugi wonten pangaribawa ingkang gumathok. Musibah alam ingkang njalari para wanita punika kecalan bandha donya lan ugi batih, tetela saged ngewahi watakipun. Wanita kasebat badhe dados langkung sabar, religius, mandhiri sarta purun migatosaken dhateng tiyang sanes  dene kawawas saking perangan ekonomi, wanita korban musibah alam badhe langkung ulet anggenipun makarya.

Siti Urbayatun ugi mratelakaken, panalitenipun inggih ngginakaken metode wawancara dhateng wanita korban musibah alam Merapi taun 2010. Kaajab ing tembenipun para wanita punika tetep nampi kawigatosan saking pamarentah, mliginipun gayut kaliyan sektor ekonomi . ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.