Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PKL  Jalan  Pangukan Badhe Dipun Tata

PKL  Jalan  Pangukan Badhe Dipun Tata

Sleman, www.jogjatv.tv – Amrih resiking  Kitha Kabupaten Sleman, Dinas Pasar Kabupaten Sleman badhe mranata Pedagang Kaki Lima (PKL), ingkang sadeyan dhateng sauruting Jalan Pangukan, Desa Tridadi, Sleman.  Mratahipun PKL ing wewengkon kasebat njalari kawontenan semrawut lan kirang resep dinulu.  Awit saking punika, para PKL badhe dipun damelaken selter mligi, supados langkung tumata.

Miturut Kepala Bidang Pembinaan dan Pengembangan Dinas Pasar Kabupaten Sleman, Haris Martopo, selterisasi tumrap  para PKL dhateng sauruting Jalan Pangukan sampun absah dene pambangunanipun badhe dipun wiwiti Wulan September 2016 wondene Ketua Paguyuban Pedagang Kaki Lima Jalan Pangukan, Seniman nampi kanthi remen rantaman pambangunan   selter mligi tumrap PKL , sauger  boten ngedalaken wragat kathah. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.