Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seni Anyam Tanah

Seni Anyam Tanah

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Seniman boten nate katelasan gagasan kangge inovasi karya. Tuladhanipun alumni ISI Yogyakarta, Asep Maulana Hakim, ingkang ngripta seni anyam tanah, damel maneka kerajinan kanthi nanjakaken lempung ingkang dipun nam.

Asep Maulana damel maneka kerajinan ingkang mranani ingkang wujudipun kados nam-naman penjalin lan deling, kadosta tas, keranjang, lan pepethan kucing dene menawi dipun tingali kanthi permati, bahan baku kerajinan kasebat dede deling punapa dene penjalin, nanging saking lempung. Asep gadhah gagasan ngripta seni anyam tanah, wiwit taksih ngangsu kawruh ing ISI Yogyakarta. Salajengipun damel maneka pakaryan ingkang elok, kanthi teknik pilin lan teknik mirunggan. Kejawi punika, Asep ugi nanjakaken teknik peteg, kados ayahanipun minangka juru peteg, kangge damel wohing pakaryan ingkang nyleneh.

Cara damel kerajinan, kawiwitan teknik pilin, dipun gatra nuli dipun nam. Mbetahaken wekdal 2 minggu kangge damel setunggal kerajinan dene anggenipun masok lempung saking Pacitan lan Sukabumi.

Kangge nepangaken wohing pakaryanipun, Asep asring tumut pameran, supados masyarakat pana ngelmi enggal babagan seni ing Indonesia.

 

(Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.