Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi BBM mandhap, regi sembako popog awis

Regi BBM mandhap, regi sembako popog awis

Magelang, www.jogjatv.tv – Mandhapipun regi Bahan Bakar Minyak, dereng mangaribawani tumrap regi sembako ing peken tradisional Borobudur, Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Regi kabetahan baku taksih awis, kepara wonten ingkang mindhak. Regi brambang sakawit Rp 30.000,00 rupiyah mindhak dados Rp 40.000,00 saben kilo. Regi bawang ingkang sakawit Rp 20.000,00 mindhak dados Rp 25.000,00 saben kilo. Regi lisah barco, sakawit RP7.600 mindhak dados Rp 8.200 saben kilo. Gendhis pasir ingkang sakawit reginipun Rp 10.000 mindhak dados Rp 11.000 saben kilo dene regi uwos, gandum lan lisah kemasan, mindhak Rp 500 rsaben kilo. Daging ayam ingkang sakawit reginipun Rp 2.000,00 mindhak dados Rp 32.000,00 saben kilo. Ewa semanten, samangke regi tigan mandhap, sakawit Rp 24.000,00 dados Rp 22.000,00 saben kilo. Miturut salah satunggaling bakul sembako, Solikhah, mandhapipun regi bahan bakar minyak dereng mangaribawani mandhapipun regi sembako. Sanak kadang bakul ngajab supados pemerintah tumuli ngudhari perkawis kasebat, kangge ngentheng-enthengi sesanggan masyarakat. (Yuki Pramudya)

 

Share this with friends

Comments are closed.