Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ringgitan Sosialisasi Bebaya Narkoba

Ringgitan Sosialisasi Bebaya Narkoba

Klaten, www.jogjatv.tv – Mratahipun penyalahgunaan narkoba ingkang samangke sampun rumambah dhateng maneka kalangan, kedah dipun imbangi maneka kupiya kangge ngawekani. Kadosta sosialisasi bab bebayaning narkoba ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Kecamatan Klaten Tengah  sarta pemerintah Desa Mojayan  kanthi  ringgitan sedalu natas, lampahan Barata Yuda, dhateng griyanipun Dukuh Srago Gede , Desa Mojayan.  Ringgitan ingkang dipun gelar saleebting upacara bersih desa kasebat, ajeg dipun tindakaken saben Wulan Ruwah.

Beda kados padatan. Ringgitan samangke dipun tanjakaken dening pemerintah desa kangge nindakaken sosialisasi bab bebaya penyalahgunaaan narkoba dhateng masyarakat. Kupiya ngawekani  peredaran narkoba dipun grengsengaken awit samangke penyalahgunaan narkoba sampun rumambah maneka kalangan, boten namung para rumaja, pejabat lan aparat keamanan kemawon kepara sawetawis wekdal kapengker, wonten   aparat pemerintah desa ing Klaten, Jawa Tengah ingkang kembet penyalahgunaan narkoba.

Kajawi sosialisasi lumantar pagelaran ringgit, pemerintah desa badhe tembayatan kaliyan maneka pehak kangge  ngawekani  peredaran narkoba, kanthi nindakaken  sosialisasi ngantos tataran RT lan dhateng saben kulawarga  sarta organisasi pemuda. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.