Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pikukuhan Sekolah Siaga Bencana

Pikukuhan Sekolah Siaga Bencana

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kabupaten Gunungkidul dipun kukuhaken minangka  Kabupaten Siaga Bencana, dening Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) DIY kanthi pikukuhan Kampung lan Sekolah Siaga Bencana. Bab wau dipun tindakaken supados masyarakat lan pelajar samekta ngadhepi musibah alam ingkang saged tumempuh sawanci-wanci.

Salah satunggaling sekolah  ingkang dipun kukuhaken minangka Sekolah Siaga Bencana inggih punika SMP Negeri 3 nglipar, awit  dunungipun ing sacelak  Lepen Oya satemah asring keblabak bena. Sadereingipun pikukuhan dipun adani simulasi,ingkang gambaraken tlatah Nglipar jawah deres satemah  SMPN 3 Nglipar keblabak bena jalaran Lepen Oya mbludag. Siswa dipun wilujengaken dhateng papan ingkang aman, dene guru lan karyawan milujengaken aset sekolah wonten puluhan siswa ingkang nandhang tatu lan semaput ing ruang kelas kepara wonten ingkang kedah dipun rujuk dhateng rumah sakit. Pikukuhan SMPN 3 Nglipar minangka Sekolah Siaga Bencana dipun tindakaken dening Wakil Bupati Gunungkidu,Imawan Wahyudi. Ing Kabupaten Gunungkidul wonten atusan desa lan sekolah ingkang kalebet daerah rawan bencana tanah longsor lan bena awit saking punika warga lan para pelajar kedah dipun sukani seserepan babagan kesiap siagaan bencana.

Miturut Kepala Bidang Pencegahan dan Kesiapsiagaan Bencana BPBD DIY, Heri Siswanto ing Kabupaten Gunungkidul wonten 3 sekolah ingkang dipun kukuhaken minangka Sekolah Siaga Bencana dening BPBD DIY awit saking punika, kabupaten ugi kupiya ndhapuk Sekolah Siaga Bencana dhateng sedaya wewengkon supados waradin. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.