Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Sembako Mindhak

Regi Sembako Mindhak

Klaten, www.jogjatv.tv – Regi sembako ing peken tradisional tlatah Klaten, Jawa Tengah mindhak antawis sewu ngantos tigang ewu rupiyah saben kilo.

Komoditas sembako ingkang reginipun mindhak antawisipun uwos. Uwos I-R 64, ingkang sakawit reginipun Rp 8.000,00 mindhak dados Rp 9.500,00 saben kilonipun. Regi uwos menthik wangi Rp 11.000 lan Bramo Rp 10.000,00, mindhak sewu rupiyah saking regi sakawit. Bawang ingkang sakawit reginipun Rp 20.000,00 mindhak dados Rp 22.000,00 saben kilonipun. Brambang ingkang sakawit reginipun Rp 12.000,00 mindhak dados Rp 15.000,00 saben kilo. Gendhis pasir ingkang sakawit reginipun

Rp 10 .000,00   mindhak dados Rp 11 .000,00 saben kilo. Regi gendhis jawi . mindhak sewu rupiyah, dados Rp 14 000,00 saben kilo. Miturut bakul sembako, Ramiyah samangke regi sembako mindhak awit pangaribawa mangsa ketiga panjang satemah asil panen petani, mandhap. Miturut pandugi regi sembako badhe mindhak ngantos pungkasan taun benjing.

( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.