Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pelatihan Penanggulangan Bencana Alam

Pelatihan Penanggulangan Bencana Alam

Bantul, www.jogjatv.tv – Kajawi njagi kedaulatan Negara Kesatuan Republik Indonesia saking maneka ancaman, salah satunggal ayahanipun TNI, mliginipun TNI AD, inggih suka ladosan lan ngayomi masyarakat. Boten namung nalika kawontenan aman kemawon, nalika tumempuh musibah, TNI ugi kedah samekta suka pitulungan. Awit saking punika, personel tni kedah pana bab penanggulangan kebencanaan .

Bab kasebat dipun njlentrehaken dening Kepala Seksi Teritorial, Korem 072 Pamungkas, Kolonel Satyo Ariyanto , sasampunipun ngepyakaken Pelatihan Penanggulangan Bencana Alam tumrap warganing TNI, Tagana, Satpol PP, lan Dinas Perhubungan, mapan ing Kodim 0729 Bantul, dinten Kemis (19/11)enjing dene pelatihan badhe dipun gelar ngantos tanggal 30 November. Maneka kridha ingkang dipun tindakaken antawisipun teori penanganan kebencanaan, gladi posko, gladi lapang sarta simulasi kebencanaan.

Salebeting latihan kebencanaan, pasarta boten namung dipun sukani materi lan simulasi penanganan kebencanaan kemawon, nanging ugi dipun sukani seserepan bab koordinasi antar satuan sarta pelaporan data kebencanaan yang terintegrasi dan bisa dipertanggungjawabkan. Kanthi pelatihan kebencanaan, kaajab saged mimbuhi seserepanipun pasarta mliginipun personel TNI AD lan saged dipun tindakaken nalika sawanci-wanci dumados bencana alam.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.