Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Mindhak

Regi Lombok Mindhak

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Mindhakipun regi lombok dhateng peken tradisional, inggih antawis 50 ewu ngantos 60 ewu rupiah saben kilonipun, njalari konsumen pisambat. Nanging tumrap para petani lombok ing Gunungkidul, bab kasebat nampi tanggapan gumathok. Salah satunggalipun dipun raosaken dening petani lombok ing Dhusun Gunungsari, Ngeposari, Semanu, Gunungkidul. Regi lombok ingkang awis mbebatheni tumrap petani lombok, ingkang saben panen saged methik antawis tigang kuintal lombok.

Sakawit regi panyadening lombok saking kalangan petani 38 ewu rupiyah saben kilo, dene samangke mindhak dados 40 ewu rupiyah saben kilo. Kanthi regi punika petani saged nampi pamedal ngantos 12 yuta rupiyah saben panen sekawan dinten sepisan. Kathahipun pamundhutan lan welingan njalari pasokan lombok winates satemah regi lombok saking petani ugi mindhak. Kepara lombok ingkang padatan kangge kabetahan lokal, samangke ugi dipun tumbas dening para tengkulak saperlu dipun sade malih dhateng jakarta lan kitha ageng sanesipun.

Salah satunggaling petani lombok, Sugiyah, mratelakaken, sinaosa regi panyadening lombok awis, nanging produksi saking petani mandhap ngantos 30 persen, bab kasebat jalaran kathah taneman lombok ingkang katerak uler lan lalat buah. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.