Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nanem Tela Ngawekani Krisis Pangan

Nanem Tela Ngawekani Krisis Pangan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kupiya kangge nggegegi ketahanan pangan dipun grengsengaken malih dening petani ing Gunungkidul, kanthi nanem tela. Tela minangka kekiyatan pangan Nasional, dados kawigatosan Pamarentah Kabupaten Gunungkidul, ingkang samangke nedheng nyawisaken pasiten mirunggan kangge nanem tela.

Majelis Pemberdayaan Masyarakat Muhammadiyah DIY ngepyakaken gerakan menanam singkong dhateng Desa Wisata Jelok, Beji, Pathuk, Gunungkidul. Gerakan menanam singkong punika dipun biwarakaken kangge nggugah malih krentegipun petani ing Gunungkidul kangge nanem tela. Taneman tela dipun pilih awit dados kekiyatan pangan Nasional. Tela inggih saged kangge bahan pangan cadangan, langkung langkung samangke kangge nyekapi kabetahan uwos, Indonesia kedah impor. Minangka langkang kangge ngawekani krisis pangan, prayoginipun pasiten ingkang sela supados dipun tanemi tela. Kanthi geografis Kabupaten Gunungkidul dados tlatah ingkang trep kangge nanem tela. Sinaosa makaten, supados asilipun langkung sae, dipun betahaken teknologi utawi inovasi ingkang trep.

Pimpinan Pusat Muhammadiyah DIY, Muhammad Yamin, mratelakaken, gerakan kembali bertani ancasipun inggih kangge ngajak sedaya perangan masyarakat kangge nyawiji sesarengan ngreksa kedaulatan pangan. Punika dipun tindakaken lumantar pengembangan singkong berteknologi pertanian ingkang badhe ngangkat karaharjanipun para petani.( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.