Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Gendhis Jawi Mindhak

Regi Gendhis Jawi Mindhak

Kulonprogo, www.jogjatv.tv –Tigang dinten pungkasan, regi gendis jawi ing peken klepu, desa hargowilis, kecamatan kokap, kulonprogo mindhak. Sakawit regi gendhis jawi antawis Rp 12.000,00 – Rp 14.000 samangke mindhak dados Rp 16 000,00 saben kilonipun. Regi gendhis jawi mindhak jalaran produksi gendhis jawi saking perajin mandhap awit pangaribawa mangsa ketiga satemah produksi legen saking penderes mandhap pramila pasokan gendhis jawi saking perajin ing tlatah Hargowilis Kokap ugi mandhap, sakawit 1 ton, mandhap dados 4 kwintal saben dinten.

Sinaosa produksi gendhis jawi mandhap nanging perajin rumaos lega, awit samangke regi gendhis mindhak. Nalika mangsa rendheng regi gendhis saking perajin Rp 10.000,00 samangke mindhak dados rp 11 000,00 saben kilo. Gendhis jawi kasebat dipun sade dhateng para bakul peken trasisional tlatah Kulonprogo. (Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.