Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasang Sela Sepisanan Waterboom Tirip Rendeng

Pasang Sela Sepisanan Waterboom Tirip Rendeng

Purworejo, www.jogjatv.tv – Satunggaling wisata waterboom badhe dipun bangun ing pinggiran kitha Purworejo, Jawa Tengah dhateng kompleks Perumahan Bersubsidi “Tirip Rendeng” Dhusun Tirip, Desa Rendeng Kecamatan Gebang. Wisata enggal kasebat inggih papan ngenggar-enggar penggalih sepisanan ing kawasan Perumahan Bersubsidi sa Jateng – DIY.

Pasang sela sepisanan pambangunan waterboom dipun tindakaken, dinten Kemis (5/11)enjing, dening investor sineksen tokoh masyarakat. Waterboom sengaja dipun bangun dateng sapinggiring kitha, kangge miyak regenging papan wisata sanes.

Angkahipun pambangunan waterboom rampung taun 2016 benjing minangka papan jujugan wisata Purworejo iring ler. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.