Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Duren Anjlog

Regi Duren Anjlog

Purworejo, www.jogjatv.tv –Bakul duren ing Jalan Ahmad Yani Purworejo Jawa Tengah, kapitunan jalaran samangke regi duren mandhap. Nalika wulan November ngantos Desember 2015 , regi duren awis. Duren ingkang ageng reginipun Rp 90.000,00 samangke mandhap dados Rp 35.000,00- lan ingkang alit reginipun Rp 10.000,00.

Miturut salah satunggaling bakul duren, Markonah samangke regi duren anjlog, jalaran ngleresi mangsa panen. Kajawi punika sasampunipun kenging jawah duren kirang miraos.

Bab sami ugi dipun telakaken dening Jaimah , bakul duren saking Loano. Miturut Jaimah, regi duren anjlog jalaran kathahing pasudyan.

(Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.