Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngingah Peksi Kangge Nambah Pamedal Kulawarga

Ngingah Peksi Kangge Nambah Pamedal Kulawarga

Sleman, www.jogjatv.tv – Ngingah sato kewan, dados karemenan tumrap sawetawis warga. Kados ingkang dipun tekuni dening salah satunggaling warga ingkang mapan dhateng hunian tetap Dusun Dongkelsari, Desa Wukirsari, Kecamatan Cangkringan Sleman, Subadi. Wiwit alit, Subadi remen ngingah peksi lan sinaosa samangke sampun gadhah wayah, karemenan kasebat taksih dipun ayahi.Kanthi tlaten Subadi ngupakawis peksinipun,dipun pakani, reresik kandang lan dipun dusi. Ayahan ingkang boten nate dipun lirwakaken inggih mepe peksi saderengipun makarya dhateng sabin. Sedaya wau dipun lampahi awit raos asihipun dhateng peksi gadhahanipun.

Subadi gadhah maneka koleksi peksi, ingkang cacahipun puluhan dene reginipun antawis puluhan ewu ngantos atusan ewu rupiah. Karemenan ngingah peksi minangka pakaryan samben kasebat, tetela saged kangge nambah pamedal kulawarga.

( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.