Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petugas Gabungan, Nyemak Regi Sembako

Petugas Gabungan, Nyemak Regi Sembako

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dungkap Wulan Ramadhan, petugas gabungan Pemda DIY lan Disperindag ESDM Kulonprogo, nyemak regi sembako., dhateng Peken Tradisional Wates, Kulonprogo. Saking panyemak petugas kawuningan, regi sawetawis bahan pangan mindhak.

Regi tigan sakawit  Rp.17.000,00 mindhak dados Rp18.000,00, brambang sakawit reginipun Rp.30.000,00 mindhak dados Rp.31.000,00 saben kilo. Bawang ingkang sakawit reginipun Rp.30.000,00 mindhak dados Rp.33.000,00, saben kilo, lombok ingkang sakawit Rp.10 .000,00 mindhak dados Rp.15.000,00 saben kilo.  Regi gendhis pasir sakawit Rp.12.000,0  mindhak dados Rp.14.000,00 saben kilo, uwos sakawit reginipun Rp.7.000.,00 mindhak dados Rp.9.000,00 saben kilo. Sinaosa makaten samangke regi daging ayam lan daging lembu popog. Regi daging ayam Rp.28.000,00  saben kilo,dene daging lembu Rp.115.000,00 saben kilo.   Sinaosa regi sawetawis bahan pangan mindhak  nanging miturut Biro Administrasi Perkonomian DIY lan Disperindag Kulonprogo kawawas taksih limrah. Petugas gabungan grengesneg nyemak regi sembako kangge mangertosi regi lan pasudiyan bahan pangan dungakap wulan ramadhan. Miturut kadang bakul, regi sembako mindhak wiwit seminggu pungkasan.  ( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.