Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemilihan Juru Kunci Pasareyan

Pemilihan Juru Kunci Pasareyan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –  Warga ingkang dados juru kunci, padatanipun inggih para relawan. Nylenehipun,  warga Desa Gari, Wonosari, Gunungkidul ngadani  pemilihan juru kunci pasareyan, memper lampahing  pemilu, wonten panitia pemungutan, bilik suara lan surat suara. Pemilihan juru kunci pasareyan dipun gelar  kanthi coblosan. Wonten kalih juru kunci, ingkang majeng, inggih punika Tulasman lan Jumiran. Sinaosa dipun gelar ing wanci ndalu nanging warga Dhusun Tegalrejo, Gelung lan Ngelorejo greget ngginakaken hak pilihipun.  Pemilihan juru kunci kados makaten sampun dipun gelar kaping 2. Juru kunci ingkang kapilih badhe ngladosi warga  tigang dusun sadanguning  10 taun dene epahipun  3 yuta  setaun. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.