Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Kartini

Pengetan Hari Kartini

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Kartini samangke siswa Taman Kanak-Kanak Santa Theresia, Wonosari, Gunungkidul, tumut Lomba Merias Ibu. Lomba lumampah gayeng awit para siswa racakipun kangelan dandani ibunipun.

Miturut salah satunggaling wali murid, lomba kasebat dados kalodhangan kangge ndunungaken lare supados ngurmati  tiyang sepuhipun.

.

Lomba Miru  Pengetan Hari Kartini

Klaten www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan Hari Kartini SMP N 2 Karangnongko Klaten Jawa Tengah, ngadani lomba miru sinjang, ancasipun kangge njurung raos tresna siswa dhateng budaya adiluhung tilaranipun leluhur. Miturut Salah satunggaling pamupu lomba, Selvina kangelan miru sinjang. Sinaosa makaten lomba kasebat dados kalodhangan kangge ngulinakaken siswa supados saged miru sinjang piyambak nalika sawanci-wanci badhe ngangge busana adat jawa.

Miturut Kepala SMP N 2 Karangnongko , Sundar, lomba miru mengku ancas kangge nanemaken raos  tresna siswa dhateng  budaya warisan nenek moyanginggih punika busana adat awit  sok sintena ingkang ngangge busana  adat nedahaken alusing budi.

Menggahing  siswa  Kartini dados tepa palupi salebeting  pendidikan, ketekunan, keuletan sarta perjuwananipun mujudi emansipasi wanita. (Anjar Ardityo + Haryadi)

 

 

 

Share this with friends

Comments are closed.